<div style='background-color: none transparent;'></div>
Home » » TEGAL AIR

TEGAL AIR

Kartun Andy Santajaya


Belum lama di-launching pesawat baru "TEGAL AIR" untuk angkutan lebaran dan hari libur nasional. Kini pesawat telah beroperasi secara reguler.

Sang pramugari yang asli orang Guci, Tegal, baru saja ngasih instruksi ke penumpang pesawat:

"Dulur-dulur penumpang, delat maning kapal mabur pan mabur...

Sedurunge, nyong karo pramugari liyane pan nuduhna cara-cara ngadepi keadaan darurat...
Klambi plembungan ana nang slesepan ngisor jok, dinggo dong kapal mabur mandeg nang nduwur laut...
Carane jukut klambi sekang slesepan terus dinggo, tarik taline ben klambine mlembung..endah sampeyan ora pada klelep nang laut ..
Pipa karet didamu ben lampune kedap kedip dadi bias dideleng sekang kadohan...
Klambi kuwe aja dicolong utawa digawa bali, angger konangan bisa ditempilingi rika...

Montor mabur kiye ana enem lawange, loro nang ngarep, loro nang sewiwi, terus loro maning nang mburi...
Angger pesawat kurang hawa nggo ambekan, mengko metu dewek masker oksigen sekang loteng..
Angger masker mecotot, gagian di nggo, ambekan kaya biasane bae, aja ngos-ngosan, marakna liyane pada wedi...
Semono pengumuman sekang nyong, anger pan maca majalah apa koran, kuwe ana nang slesepan jok ngarepe rika kabeh...

Angger arep mutah, nganggo plastic nang ngisor jok, aja jan jimutah koprat kapret njijihi, inyonge sing repot ngresiki
Angger pan nguyuh, kakuse nang mburi.
Aja nguyuh karo udud nek konangan di uyuih sisan kon.
Aja nguyuh ning kakus ngarep, kae kakuse wong sugih...

Wislah, cangkeme kesel, moga-moga slamet waras bisa mudun maning.
Kaya kuwe bae ya?.suwun...".

Oh iya, ngapura ya sing nggawa ndog asinne kora tahu tegal tulung njaluklah inyong kencot pisan kawit manjing mau urung mbadog.

Slamet mabuuuur, ndonga yo ben slamet.

Ngapuro lahir batin.

(Kiriman: Wasito Djati Pribadi)
Share this article :

0 comments:

Post a Comment

Buku Satir Sosial Politik - Humor Dosis Tinggi

Buku Satir Sosial Politik - Humor Dosis Tinggi
Untuk informasi pemesanan silakan klik gambar cover tsb.
 
Copyright © 2011. Majalah HumOr . All Rights Reserved
Company Info | Contact Us | Privacy policy | Term of use | Widget | Advertise with Us | Site map
Template Modify by Creating Website. Inpire by Darkmatter Rockettheme Proudly powered by Blogger